Umpamane, kae ngono do nggugu omongane Mas Wakidi
asline ya ora bakal kog kedadeyan meneh nganti tekan sakyahmene kang koyo ngene
kuwi.
Nanging, nek wis ora dikanggokne, gombal mukiyo sing
ndayani koyo ngopo wae, ya tetep dijarno wae. Dianggep ngoyo woro, mung
nganak-anakake. Lha, jebul nek ana buktine, njur pada mupus.
Jarene, “nginiki kuwi wis dadi garis kodrate, ra usah
dipikir nemen-nemen”.
(1)
Petungane, moh asline nek Wakidi kon mbukak. Wakidi
mung gelem e ngelikne, ora dirungokne ora rugi babar blas.
“Kang, omongane sampeyan kae landhep jebule.”
Landep, tur malati.
Nek, mbok seser, lan Wakidi kon mangsuli. Njur
bola-bali, wis diwenehi pituduh, wis direkadaya dalan. Mung, pancen dalan kuwi
nek ijeh urung tau dilewati, jarene wedi, jarene “ojok lewat kene”, jarene “abot,
nek lewat kene”. Lha piye, nek wis koyo mengkono.
(2)
Sakyahmene, kog ora ana sengguh kang gumregah, “sampeyan
piye pemanggihe kang ?”
“Nek aku rumangsa rugi, ya tak tandangi, nek ora ya
ora perlu.”
“Nek, kirane butuh tandang, ya rene tak wenehi cara
sing tak ngerteni. Ning nek kirane wis cukup nganggo carane dewe, ya ora perlu
ndadak takon-takon aku.”
“Nek, wis nganti ora iso ketandangan, lan terus
bola-bali ora digatekne, aku wis nganggep, ora ana perlune tandang, ora ana
wajibe cawe-cawe perkoro kang wus ora iso dijawab mawa cara.”
Pamanggihe, sampeyan menika mawa karep kang pundi Kang
?
“Loh, lumrahe, mboten sampeyan to sing njaluk
panyaruwe, pemanggihku. Ana sing kudune ngrumangsani. Nek ora, ya sak kersane.
Mbok menawa pancen sebenere ora ana barang salah. Malah mbok menawa pemanggihku
sing luput.
(3)
Jarene, mawa wates. Winatesan. Di
bates. Kanthi tekan ping telu, benere wis putus.
Aku mbiyen tau nggambarake, nalika kedadeyan
Bharatayudha Jayabinangun. Nalikane mungsuh tunggal sak petarangan antarane putra
Kunti kang sepisanan sing jenenge Basukarna, ya Adipati Karna, mengsah dulur
tunggal ibu, ora liya kaliyan Sang Permadi, ya Arjuna.
Nalika iku, ana perangane ukara,
pacelaton antawise sang Dananjaya kalian ingkang kusir, sakdurunge perang tancep
ing madya laga.
Arjuna, ora karep tandang ing perang,
awit mungsuhe ing paprangan kuwi ora liya, ia dulure dewe. Nanging, ing kocaping
laku, Sri Bathara Kresna, ngelingake, yen perang kang dumadi iki, dudu perang
kang tanpa tatanan.
Ana tembung, wayahe wong nyaur yen
tau ngutang, lan wayahe ngunduh yen pada nanem tuwuh ing diri pribadine dewe-dewe.
Kang ateges, kewajiban kang diasta
dening Arjuna, dede awujud wewajib anggone menangake perang. Malah kapara,
umpama Arjuna gugur utawa Basukarna gugur. Gugure menika, gugur kang wus
ginaris, nebus laku, nyaur utang, nandur ngunduh.
Bebasane, korban ing madya Kuru,
kabeh tembene kanggo tumbaling bebener. Kanggo ngresiki barang kang asale
resik, lan kudu resik maneh.
Dadi, nalika jemparinge si Arjuna
nuggel janggane si rayi kakunge, sejatine—Arjuna netepi darmane, semono uga si
kakang wudar dedosane, bali kang sejati, netepi janjine—kukuh pamanggihe nek
Pendawa kuwi “lima” cacahe. Jangkep kaping “nenem” nalika tangise Kunthi ora
sanggup ngawruhi kahanan kuwi, kamangka saktemene “si ibu” kudune bisa adil
marang kabeh anak-anake, nadyan seje rama.
(4)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar