“Ngene lho rek.” Ditepakne karo kahanan jamane. Saat itu, memang kakak-kakak kita ini nggak sengaja. Dan mbuh karepe piye, mbuh mergo sakne. Mboh
kerono liyane. Tapi buktine sing
ngrasakno kepenake rak ora mung wong saktitik to.
“Ora mung kanggo misuwur ake, nduwurke jenenge pengurus.” Ora
arep ngunggulke perjuangane organisasi. Tapi lakon bener nek ditenanani mesti
mbesuke ketoro dewe asile.
Nek ditakoki pas jaman iku. Palingan ya, jawabane : iki
dulurku, daging kulit kudu bareng diperjuangke. Nanging, saknyatane. Sakyahmene
kono-kono, dulur-dulur saka Universitas sing ora ngerti mbiyen piye sangkan
parane iya iso ntuk kanduman barokah. Kecipratan perjuangane si gerombolan
bocah—sing ndek njero atine alus, tur ya di tuduhake marang dalan sing bener
saka Sing Nduweni Urip.
Mulane. Kenapa kog do ngotot-ngotot, iki lan iku kudu
diberesi. Mergo wong kae iku ngerti, nek ndek njerone bathok sing ketok elek iku
ana bolune, ndek njerone bolu jebul ono madune. Mula ojo banjur mung di delok
kulite wae. Kudu dibedah, ditenanani nganti tekan jeroane, nek ketemu madune,
prasasat manis rasane bisa ngacapi wong sak arat-arat.
Mbuh rumangsaku, ta piye, ning nyatane nadyan saktitik buktine.
Beasiswa sing sakmono gedhene iku, dititipne jalaran mergo Menterine mantan Rektor ndek
Suroboyo. Giliran usulan merjuangno Farmasi-Apoteker, sing cancut taliwanda ya
Surabaya. Kudune bacutane ojok mandek keputus mung sakmono wae. Mergo, sopo meneh sing gelem mikirke wong cilik. Nadyan ketoke sepele,
tapi nek dirasakno wong angger tahun. Tetep tekone kelebu gedhe. [ * ]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar