“Ini bukan soal
objektivitas” ujar Pak Pur.
“Tapi, aku ngomong ngene
kuwi, kanggo ngelingne awakmu.”
Ayo di eling-eling pitutur
ing macapat kae. Jare simbah-simbah mbiyen. “Ngelmu iku, kalakone kanthi laku”.
Lha laku iku, ya tirakat kuwi.
Wis to. Pinter o sundul
langit, nganti iso nggegem mbulan bebasane. Nek koe mung ngandelno sarengat
kepinteran tok. Gak nganggo tirakat batin, tirakat nepsu, tirakat lesu. Kondang
o mung bakal sedelok. Yo, mung kondang pinter e tok. Tapi nek wis ora ono, ya
ilang. Kabur digowo maling. Ora ono sing nggoleki.
“Lha terus pripun Pak Pur ?”
Sri ganti takok.
Kancane Sri liyane, si
Ngabdul, nggremeng alon-alon. “Nggo apa takok barang. Pak Pur iku wong gaweyane
ya ngono.”
“Sri”
“Nggeh, Pak.”
“Awakmu cah sekolahan to ?”
“Leres”
Maraton Pak Pur bertanya.
“Sangumu piro, pas SD ?”
“Kalih ewu Pak”
“Pas SMP ?”
“Gangsal ewu Pak.”
“Saiki SMA ?”
“Limo welas ewu Pak.”
“Umat to, Gurumu iku.”
Cletuk Ngatemin.
“Ko omah tekan sekolah
numpak apa ?”
“Nitih montor Pak.”
Pak Pur mulai ceramah
panjangnya yang lain.
“Ngene iki lho, sing marai
apa-apa ora barokah. Koe iki gak diajari ngrasakno kangelan. Bapak Ibumu kleru
nek ngene model e.”
“Lajeng…”
Cah sekolah saiki kui
kakehan sangu. Ora tau ngrasakno lesu. Eling-eling ya kandaku. Lesu kuwi
separone tirakat. Lesu kuwi laku ampuh. Nek cah sekolah kog ora wani lesu.
Tandane sekolahe kurang niat.
“Mosok, nggih Pak. Turene Bu
Lasmi. Kita harus makan yang banyak dan bergizi. Agar masa pertumbuhan kita
sempurna.”
“Pancen ora kleru.” Tapi,
tak ceritani. Ono sing kanda, jarene cah sekolah mbiyen iku, nadyan ora pinter
ning iso sregep. Umpama ora sregep, ndee gelem rekoso. Umpama ora gelem rekoso,
ndee iso akal-akal, mbudi daya supaya sugeh. Ora kakehan gengsi, ora kemerenan
mergo kono tuku montor anyar, trus do njaluk montor anyar.
“Gak ono, cah sekolah mbiyen
kuwi kaya ngono.”
Ngertenono tenan iki. Lesu
iku ana barokahe. Dadi pas sekolah kuwi aja kakehan sangu. Niatno lesu, supaya nek
ana panganan apa ae ora kagetan, ora gumunan. Opo meneh sing sekolah adoh, mesti
tangine esuk, ngontel sepedah gae tekan sekolah. Malah top markotop iku. Nek
pinter ya iso dadi wong gedhe mbesuke.
“Ndak iyo Leh ?” mesti lak
ana sing takok kaya ngono.
“Nek miturut Bapak. Cah
sekolah sakniki pripun.”
“Gegem omonganku iki. Soale
penting. Nek wong sinau, wis kengguh, keganggu karo sing jenenge pacaran. Wis
kabeh ilang. Muspro sekolahe”
“Masiyo pinter Pak ?”
“Pinter e ora iso di enggo
aji-aji.”
Mpun Pak. Niku mawon.
“Nek tak terusno, ya ora
muleh-muleh iki.”
Bel berbunyi. Ceramah
selesai. Anak kelas XI-IA dipulangkan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar