Nalikane hamung saged mucal jawi,
sebisa-bisa gunemku sarta basa,
tansah mungguh ing suba sita lan tata krama,
wening panggraita lantip pawicaksana,
ngugemi dhawuhe sesepuh,
tansah sungkem bekti lan mangerti,
sebisa-bisa gunemku sarta basa,
tansah mungguh ing suba sita lan tata krama,
wening panggraita lantip pawicaksana,
ngugemi dhawuhe sesepuh,
tansah sungkem bekti lan mangerti,
dasaring jawa
aji tan kaya mustika
gung luhur binantara,
ujare, jawa sugih sumeh lan tresna
bebasan surya madangi jagad,
ora bedane sekar ing taman kedaton
tansah arum gandane lan endah warnane
aji tan kaya mustika
gung luhur binantara,
ujare, jawa sugih sumeh lan tresna
bebasan surya madangi jagad,
ora bedane sekar ing taman kedaton
tansah arum gandane lan endah warnane
den susesurupa wedare
iki hamung atur kawula
mungguhing jawa, asipat loro
loro jangkepe, sampurnane jaler lan wanita
den jawa uga jawi lan njawani
ja dosoking tembung jati
wi dosoking tembung wisesa
gathuke jawi menika jatining wisesa
wisesaning ingkang jati
ora bedane, jawi mula kedah njawani
hanjawani
hanyawiji
nyawiji pakerti, nyawiji lakune
tansah hangrungkebi, memayu hayuning bawana
sarwa jawi, sarwa dadi
kenes manis pangulate
merdika bumine, rahayu selamine
tutuping wedar,
urip iki kudu tansah nyawiji
srah ing tekad mring Gusti
mugi Jawi tansah lestari......
ja dosoking tembung jati
wi dosoking tembung wisesa
gathuke jawi menika jatining wisesa
wisesaning ingkang jati
ora bedane, jawi mula kedah njawani
hanjawani
hanyawiji
nyawiji pakerti, nyawiji lakune
tansah hangrungkebi, memayu hayuning bawana
sarwa jawi, sarwa dadi
kenes manis pangulate
merdika bumine, rahayu selamine
tutuping wedar,
urip iki kudu tansah nyawiji
srah ing tekad mring Gusti
mugi Jawi tansah lestari......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar