Cerita lakone menungsa pancen ora ana pungkase, mesti neka-neka manut marang teteping garis kang wis kinodrat dening Gusti. Kaya mengkono kuwi, ora elok, yen saben-saben ana kedadeyan kang bisa njalari si Joko Pring kudu medarake pangudarasane marang sakpada mitra. Wigatine mung tetepa marang eling lan waspada, kanthi lumaku yen urip temene ya mung mampir ngombe.
Ing sawijining dina, ya mung karo kanca wae kabeh perkara bisa diwedarake supaya ora nyesek-nyeseki ati. Semono uga, sakloron iki Parji lan Parjo, kang anut reruntungan ing ngendi wae.
Mangkene bukaning carita nalika bocah loro iki rerasanan merga beasiswane durung cair nganti wektu punika. Kapetang wis sesasi luwih saka petungan kang sakmestine.
***

" Iki duwite telat maneh ta caire ?" mengkono ujare Parji
Parjo mangsuli, kaya-kaya ora ana apa-apa, ngendem rasane ati. " Biasane piyeleh Ji..Ji, wong saben-saben ya kaya ngene kog. Wis dadi langganan, ora kaget aku. "
“Iyo sih. Nanging yo ojok banget-banget ta telate ! Kene ya wis kentekan ki, kakehan utange” kandhane Parji
"Lha rumangsamu."
"Lha rumangsamu."
***
Yen sedih aja banget-banget, yen seneng uga sakmadya wae anggene seneng. Awit dikaya ngapa wae urip iki ibarat lakuning cakra kang sarta manggilingan. Ana kala mangsane rejeki cumepak tanpa digayuh, ana kalane apa kang digadang malah luput ing pangantha.
Mulur mungkrete lelakon mbok menawa kudu dadi pepiling, yen daya pangupane menungsa kuwi winates dening kodrat. Lan kawuningana, sakkabehing penandang kang katon kepenak durung mesti apik, sing apik mesti migunani. Mula ngupadine, ngupadi kabecikan, perkara kepenak lan ora, sing mapanake kodrat. Mula mung pandongane mugi ginanjar kesaenan, tebih ing candala murka.
"Lha, yen beasiswane age-age metu arep mbok nggo apa ta, Ji ?"
"Ya, nggo nyaur utang no. Utangku rak wes akeh to."
"Awakmu ya nyagerno, duwit kuwi ?" takone Parjo kaya-kaya nodhi marang kancane.
"Lha apa meneh. Sumberku lak iku thok to" jawabe Parji cetho.
"Kuwi salahe Ji"
"Salah, kepriye ?"
"Lha mbuh."
Parjo katon lingsem, mesam-mesem dewe, nonton ana wong kang iso walaka kaya Parji kuwi.
Yen dirasa, atine Parji menika keplok marang kahanan, Ora kena diluputake, merga pancen pawongan siji lan sijine kuwi beda-beda.
Nalika duwit beasiswane metune telat, nek dipenggalih kanthi panjang, penandang susah kuwi disanggane ora mung gawe siji kalawan loro, nanging disandang bareng-bareng, wong akeh. Kancane sing nampa beasiswa liyane uga ngrasakake lakon kang padha. Nek disangga bareng, sing abot kudune dientheng-enthengake. Sebab susah sumpek kuwi ati kita dewe sing nggawe, dudu karana liyan.
"Dongamu kurang suwe, Ji."
"Aku wis ora sholat iki. Rumangsamu, bathukku nganti ngapal ireng ngene, mbok darani kurang suwe. Wis peng-pengan iki nggone tahajud barang kuwi" dukane Parji.
"Nesu...., ngono wae nesu. Nesunan mundhak cepet tuwa lho."
"Lha. Awakmu ya ngono, mancing-mancing. Aku kan iwak nila" gujenge Parji marang kancane kuwi.
"Menawa tenan. Nek awakmu ndongane saiki lagi ngapalke bathuk, mbok menawa sing dikersakake Gusti kuwi kudu nganti bisa nglicetke bathukmu, Ji."
"Cobanen dewe kono. Bathuk kok mbok kon licet."
Parjo gumuyu banter banget ngerti kancane kuwi mencureng, mecucu lambene nganti mancung.
Nglakoni tumindak becik kuwi mesti ngunduh becik. Nanging ora sakkabehe lelaku mesti trep kanggo ngawiti penjalukkan, lan pancen lelaku apa wae ora ana gegandhengane karo kabule penjaluk kita. Gusti menika tumindhake kena dititeni nanging ora bisa dipestekake.
Kawitane ya kudu kanthi ati kang resik. Nglampahi sakbarang lelaku hamung karana kabecikan, tulus trusing batin, ora pisungsung dening pamrih. Pamrih menika sae ning uga kurang trep, pancen kena diwedalake saben-saben nglampahi kabecikan, nanging ya bebasan taksih kurang tata.
Beda kawite nduwe pamrih kaliyan ngudarasa. Ngudarasa kuwi medalake panggresahing ati marang Gusti, yen pamrih kuwi cetha tujune. Nanging tetepa sakbisa-bisa lelaku kuwi dudu diniatake ora kanggo njaluk apa-apa. Rumangsaa pasrah bongkokan, ngapiki marang Gusti. Mengko tibane ya kanggo kabecikane awak dewe.
"Ngene lho, Jo. Aku ki mboh piye-piye, wis watak, ora tau nglakoni ngamal apik sakakeh-akehe nek nduwe karep tok."
"Apik no, istiqomah berarti awakmu."
"Delengen iki saldoku" Parji meruhake SMS Banking marang Parjo supaya ngerti pira sisa simpenane.
"Halah... lumayan kuwi. Nek semono aku ya ra gumun."
"He.."
"Ya dibalikke maneh, niate rak kuliah. Jawabane ya sabar. Jare wong sabar kae kekasihing Gusti."
"Iya, sabar o nganti modar."
"Hust..ora kena ngomong ngono kui."
Mulur mungkrete lelakon mbok menawa kudu dadi pepiling, yen daya pangupane menungsa kuwi winates dening kodrat. Lan kawuningana, sakkabehing penandang kang katon kepenak durung mesti apik, sing apik mesti migunani. Mula ngupadine, ngupadi kabecikan, perkara kepenak lan ora, sing mapanake kodrat. Mula mung pandongane mugi ginanjar kesaenan, tebih ing candala murka.
***
Bacute pacelathon menika kaya mengkene."Lha, yen beasiswane age-age metu arep mbok nggo apa ta, Ji ?"
"Ya, nggo nyaur utang no. Utangku rak wes akeh to."
"Awakmu ya nyagerno, duwit kuwi ?" takone Parjo kaya-kaya nodhi marang kancane.
"Lha apa meneh. Sumberku lak iku thok to" jawabe Parji cetho.
"Kuwi salahe Ji"
"Salah, kepriye ?"
"Lha mbuh."
Parjo katon lingsem, mesam-mesem dewe, nonton ana wong kang iso walaka kaya Parji kuwi.
***
Yen dirasa, atine Parji menika keplok marang kahanan, Ora kena diluputake, merga pancen pawongan siji lan sijine kuwi beda-beda.
Nalika duwit beasiswane metune telat, nek dipenggalih kanthi panjang, penandang susah kuwi disanggane ora mung gawe siji kalawan loro, nanging disandang bareng-bareng, wong akeh. Kancane sing nampa beasiswa liyane uga ngrasakake lakon kang padha. Nek disangga bareng, sing abot kudune dientheng-enthengake. Sebab susah sumpek kuwi ati kita dewe sing nggawe, dudu karana liyan.
***
"Dongamu kurang suwe, Ji."
"Aku wis ora sholat iki. Rumangsamu, bathukku nganti ngapal ireng ngene, mbok darani kurang suwe. Wis peng-pengan iki nggone tahajud barang kuwi" dukane Parji.
"Nesu...., ngono wae nesu. Nesunan mundhak cepet tuwa lho."
"Lha. Awakmu ya ngono, mancing-mancing. Aku kan iwak nila" gujenge Parji marang kancane kuwi.
"Menawa tenan. Nek awakmu ndongane saiki lagi ngapalke bathuk, mbok menawa sing dikersakake Gusti kuwi kudu nganti bisa nglicetke bathukmu, Ji."
"Cobanen dewe kono. Bathuk kok mbok kon licet."
Parjo gumuyu banter banget ngerti kancane kuwi mencureng, mecucu lambene nganti mancung.
***
Nglakoni tumindak becik kuwi mesti ngunduh becik. Nanging ora sakkabehe lelaku mesti trep kanggo ngawiti penjalukkan, lan pancen lelaku apa wae ora ana gegandhengane karo kabule penjaluk kita. Gusti menika tumindhake kena dititeni nanging ora bisa dipestekake.
Kawitane ya kudu kanthi ati kang resik. Nglampahi sakbarang lelaku hamung karana kabecikan, tulus trusing batin, ora pisungsung dening pamrih. Pamrih menika sae ning uga kurang trep, pancen kena diwedalake saben-saben nglampahi kabecikan, nanging ya bebasan taksih kurang tata.
Beda kawite nduwe pamrih kaliyan ngudarasa. Ngudarasa kuwi medalake panggresahing ati marang Gusti, yen pamrih kuwi cetha tujune. Nanging tetepa sakbisa-bisa lelaku kuwi dudu diniatake ora kanggo njaluk apa-apa. Rumangsaa pasrah bongkokan, ngapiki marang Gusti. Mengko tibane ya kanggo kabecikane awak dewe.
***
"Ngene lho, Jo. Aku ki mboh piye-piye, wis watak, ora tau nglakoni ngamal apik sakakeh-akehe nek nduwe karep tok."
"Apik no, istiqomah berarti awakmu."
"Delengen iki saldoku" Parji meruhake SMS Banking marang Parjo supaya ngerti pira sisa simpenane.
"Halah... lumayan kuwi. Nek semono aku ya ra gumun."
"He.."
"Ya dibalikke maneh, niate rak kuliah. Jawabane ya sabar. Jare wong sabar kae kekasihing Gusti."
"Iya, sabar o nganti modar."
"Hust..ora kena ngomong ngono kui."
***
Balekkake marang tembung eling-lan eling, sak ngersula kaya ngapa kudune kita kedah sadar yen temene abote urip iki sinangga bebarengan. Kita kedah eling mbok menawa iki pacoba supaya kita tambah ngati-ati, luwih tanggel jawab. Ojo rumangsa awak dewe wis resik marang kaluputan, mbok menawa amarga akeh slewengane, ora lurus, lan ora nggunakake duwik beasiswa kanthi sak bener-benere, mula Gusti kanthi alus ngelingake marang kita kabeh.
Kang wekasan ojo lali age-age ngunjukkake syukur ing pangarsaning Gusti. Ojo kendat anggone nyenyuwun marang kawelasaning Gusti. Nata ati nata niat nyuwun kanthi jembaring manah, punapa kemawon panandang kang krasa abot dhateng kita, mugi-mugi kita tansah dipunkuwatake saperlu pun saged dipunlukari.
Mugi kita tansah tinebihake dhateng bebendune Allah, ditambah rasa ikhlase, tansah slamet lan tinengga marang kabejan, luhur asmane, lan cumepak mbanyu mili rejekine, kecukupan kabeh panyuwune. Amin.
*********
Tidak ada komentar:
Posting Komentar